Sabtu, 04 April 2015

Aksara Jawa

Aksara Jawa bisa digolongake dadi 3 yaiku aksara Jawa legena (dentawyanjana), pasangan, sandhangan, lan pratandha. Sandhangan ing aksara Jawa bisa kagolongake dadi 3 yaiku sandhangan swara (... i , u , e, [ , [ o  ), sandhangan panyigeging wanda (…  \  , h  , /  , =  ) sarta sandhangan wyanjana. Sandhangan wyanjana ana 3 yaiku:

1.      Cakra, wujude …   ] unine …ra, tuladhane cakra, cakra bisa entuk sandhangan swara wulu, suku, taling, taling tarung. Ananging cakra ora kena disandhangi swara pepet.
Tuladha :
k]ipik\            = kripik
k(suk\           = krusuk
[k]t                = kreta
[g]o[w=o          = growong
k]eteg\             = kreteg
2.        Keret, wujude …   }  unine …re, tuladhane k}teg\ (unine kreteg)
3.        Pengkal, wujude …   - unine …ya, tuladhane wif- (unine wadya)
Pasangan iku gunane kanggo mateni aksara kang ana ing sangarepe pasangan. Wujuding pasangan iku warna-warna, ana kang wutuh, ana kang tugelan, ana kang duwe dhapur dhewe. Panulise ana kang dumunung ing saburine, ana kang sangisoring aksara kang dipasangi, ana kang kagandheng lan anakang ora.
       Katrangan :
1.    Pasangan la …   L kena dipepet, tuladha mznLepet\
2.    Pasangan ra …  R ora kena dipepet, pasangan …  R pepet diganti …> tuladhane mzn>sek\
3.    Pasangan …    K, …    T, …    L yen oleh sandhangan suku cakra,keret, pengkal kudu ditulis wutuh maneh.
       Tuladha :
       pklurh             = pak lurah
smbelt]si      = sambel trasi
sulist-              = sulistya
4.    Pasangan …   W lan …   L  uga kanggo panjingan, kanggo mbarengi swaraning aksara kang diraketi. Ing latin awujud    W   lan …    L.
Tuladha :
sW/g           = swarga          kLp    = klapa
panjingan iku ora kena karaketake ing aksara pasangan kang dununge anaing sangisoring aksara, aksara sesigeg ing dhuwure kudu dipangku dhisik.
Tuladha :
mzn\kLp = mangan klapa         mzn\kWci = mangan kwaci
5.   Pasangan …H, …S, …P yen wis ora ana enggone ing pungkasaning larikan, kena katulis ing sangisoring aksara kang mati. 

Senin, 10 Oktober 2011

Pacelathon

Pacelathon yaiku asale saka tembung lingga celathu, celathu tegese omongan utawi guneman.
Pacelathon tegese omong-omongan wong loro utawa luwih, kekarone bisa gentenan minangka penutur lan mitra tutur (ana sing omong ana sing nanggapi/ngrungokake).