Pacelathon yaiku asale saka tembung lingga celathu, celathu tegese omongan utawi guneman.
Pacelathon tegese omong-omongan wong loro utawa luwih, kekarone bisa gentenan minangka penutur lan mitra tutur (ana sing omong ana sing nanggapi/ngrungokake).
Ancer-ancer kanggo nyemak pacelathon!
a. topik utawa bab apa kang diomongake
b. sapa kang nindakake pacelathon mau, lan
c. papan pacelathon iku ditindakake
Tembung-tembung sing diomongake ana sing awujud tembung lingga lan ana uga tembung andhahan.
Tembung yaiku kumpulaning aksara utawa wanda sing wis nduweni teges.wernaning tembung ana loro, yaiku:
-Tembung lingga (B.Ind = kt dasar), yaiku tembung sing durung owah saka asale, dadi durung ole hater-ater, durung oleh seselan, lan durung oleh panambang.
Tuladha : sinau, sapu, waca, tulis, gawe, lsp.
- Tembung andhahan (B. Ind = kt berimbuhan), yaiku tembung sing wis owah saka asale.
Tuladha : disinau, nyapu, diwaca, nulis, nggawe, lsp.
Ngowahi tembung lingga dadi tembung andhahan diarani ngrimbag. Salah siji cara ngrimbag yaiku kanthi menehi wuwuhan. Wuwuhan ana telung warna yaiku:
wuwuhan kang rumaket ana ing sangareping tembung lingga diarani ater-ater.
Ater-ater ana warna 3, yaiku:
1) ater-ater anuswara: m-, n-, ng-, ny-
tuladha :
m- + waca = maca
n- + tulis = nulis
ng- + gawe = nggawe
ny- + sapu = nyapu
2) ater-ater tripurusa : dak (utama purusa), ko (madyama purusa), di (pratama purusa)
tuladha:
dak + pasang = dakpasang
ko + pangan = kopangan
di + jupuk = dijupuk
3) ater-ater liyane : a-, ma-, sa-, pa-, pi-, pra-, pri-, ka-, ke-, kuma-, kami-, kapi-, lsp.
Wuwuhan kang rumaket ana satengahing tembung lingga diarani seselan. Wujude seselan : el, er, um, in.
Wuwuhan kang rumaket ing saburining tembung lingga diarani panambang. Wujude panambang : -a, -an, -ana, -ane, -ake, -aken, -i, -ipun, -e, -en, -na, -ne, -ke, -ku.
Tuladhane : tangia, mangana, tulisna, tulisane, damelake, guntingake lsp.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar